Tuesday 5 February 2008

SAAT-SAAT AIR MATA HANYA BISA MELELEH ( 2 of 9 )

Koloh jenthik, mlongo, ngeleg idu...
Ngayer ayer mbok ana wong sing aruh aruh...
Plolar plolor mbok ana wong sing welas asih...
Klintar klinter mbok ana wong sing duwe ati....
Ngertia bocah bocah cilik esih suci kaya melati...
Aja disia sia utawa dikilani, kabeh mahluke Gusti..

Crita kiye ora bakal bisa kelalen merga saking jerone nelesi kamanungsan wong sih esih duwe ati lan welas asih. Si tukang ngarit ya ora bisa meksa wong liya kon bisa ngrasakna lan njikot hikmahe merga GustiAllah sing kuasa molak malikna micek mbudegna ati lan jiwane menungsa.

Nalika kue si tukang ngarit esih kelas 2 SD. Ya agi seneng senenge dolan, seneng tontonan utawa hiburan merga jaman semono ora duwe radio, ora duwe tape ora duwe TV. Lan jan umur umur agi semega, mendane ana ya hawane kencot lan kepengin mangan bae. Lha wektu semena ana dulur, jere sih kepernah nini, sing lagi mbarang gawe utawa hajatan nyunati anak lanange sing ragil, ya kepernah paman lah. Merga keluargane nini kue kegolong wong sugih...gole duwe gawe geden2an lan nanggap wayang kulit. Dulur2 kabeh sekang desa endi baen pada ngumpul lan rewang-rewang. Panganan mambrah mambrah ngebeki umah, umahe telu cacahe
.

Lha wong jerene kepernah putu....si tukang ngarit karo adine cilik2 telu cacahe, umur 5 tahun, 4 tahun lan 2 tahun ya kepengin melu bungah lan kepengin mangan enak lah. Dilakoni bareng bocah papat mlaku, wong umahe madan adoh, ketimik thimik..malah sing cilik dewek kadang kudu digendong gantian merga mlakune urung lancar esih sempoyongan. Bareng wis tekan nggone ninine kejaba tujuane arep nonton, ya angger duwe duit kepengin tuku jajan lan panganan..merga akeh bakul apa baen…Jaman semana nek ana tontonan nang ndesa ndesa bakul2 akeh banget kaya pasar tiban. Ningen ya langka wong utawa dulur2 sing gelem aweh duit… Dadi kejaba kur mlongo thok nek weruh bocah2 cilik liyane pada tuku jajan lan ngeleg idu thok nek nyawang kanca2ne pada mangan jajan…

Si tukang ngarit ya kadang melas ndeleng adi2ne cilik2 pada kriyap kriyip matane, lha si tukang ngarit ya esih cilik nembe kelas 2 SD. ( La haula wala quwata illa billahil áliyil adzim ). Alhamdulillah si tukang ngarit lan adi2ne ora ana sing duwe watek clamit utawa ora gelem jaluk utawa nyolong. Dadi ya pada kur klintar klinter, mutar muter, arep api api nonton wayange genah ora bisa weruh sebab esih endep endep awake lan urung patia mudeng lakone.

Lha sing nelangsani…., gandeng selot suwe selot kencot wetenge perih tur ya agi semega, si tukang ngarit lan adi2ne ya kadang kadang kumawani nongol lan klintar klinter maring dapur mbok menawa ana sing nawani panganan wong jerene esih kepernah putune si nini sing agi duwe gawe. Ningen…..wong pirang2 kemerab tur ya akeh sing pada ngerti wong jere kepernah dulur ya pada ora ngrewes, langka sing nakoni, langka sing gelem aruh aruh, langka sing nawani utawa langka sing aweh panganan. Si tukang ngarit karo adi2ne ya kur mlongo maning..ngeleg idu thok ngasi gulune lara nahan dada nelangsa ora karuan lan weteng kencot kroncongan. Si tukang ngarit ya kur mrebeses mili matane…..nangis mbatin. Sajroning ati lan sukma, sekang kersane Allah, si tukang ngarit ora dendam lan ora terus due penggalih ala, ora kepengin tumindak ala, kaya dene nguntet, nyolong utawa njaluk-njaluk ngemis kanthi memelas, malah tukul rasa welas asihe sing gede, lewih melas karo adi2ne sing urung ngerti apa2.

Lha sing lewih nelangsani maning, nalika wengine, si tukang ngarit karo adi2ne dijak karo mboke ( gandeng esih cilik2 adi2ne si tukang ngarit ditutna nang mboke, sing cilik dewek diemban sebab kadang2 ngatuk lan turu mbok kepidek wong, adi sing loro maning nggandeng tangan kiwa tengene mboke, lha si tukang ngarit nginthil ngetut mburine) bola bali mlebu maring dapur nggon panganan kaya esuk awan kae, ya jan langka wong sing aruh aruh utawa nakoni. Lha wong sepirang pirang kemerab rame banget, panganan mambrah mambrah koh jan pada ora ana sing melas blas karo si tukang ngarit lan adi2ne. Apamaning koh aweh panganan, nawani thok be ora… padahal si tukang ngarit karo adi2ne ngarep arep banget ana sing nawani utawa sing gelem aweh panganan sebab saya wengi hawane saya kencot. Jaaan…ujar ujare dikancani mboke bisa kaleksanan mangan enak nang umahe ninine sing lagi hajatan….jebule ya nasib….tetep langka wong sing peduli karo si tukang ngarit, langka sing nawani utawa aweh panganan wlo bekas utawa wis mambu sekalipun. Ya akhire si tukang ngarit lan adi2ne sing wis ongap angop kriyap kriyip anu ngantuk lan kencoten, kur mlongo maning, nangis mbathin, mata mrebes mili…tiwas plolar ploror, nganguk anguk, ngayer ayer mbok ana menungsa sing duwe ati lan gelem welas asih…jebule urung ketiban nasib apik. Akhire bocah2 cilik sing urung ngerti dosa, urung mudeng salahe apa kok ngalami lakon sing nelangsani… disewiyah wiyah…wujuduhu kaádamihi….kur koloh jenthik maning ngasi ngiler, ngeleg idu…glzxk glzghx..glxzx….kur bisa sambat karo Sing Maha Welas Asih….
Den Haag, 05 February 2008

No comments: