Thursday 1 November 2007

Kungker..Kunjungan kerja...

Kungker...stuba...... apamaning kiyeh..

Ya ngger para punggawa praja nek kepengin tindakan nang luar negeri utawa manca negara byasane tujuane ya kunjungan kerja utawa studi banding.....desingkat kungker utawa stuba...
Biayane ya biaya sekang negara lha sebab priyayi priyayi kuwe kan ngode lan ngabdi nggo negara...ben pada tambah kawruhe......mundak pengalamane mula dekon ndeleng jagat liyane....kon milang miling....ngko kon nyonto,,,nek ana sing lewih apik manfangati lan nggawe maju kon ditiru lan detularna...sing ala ora usah degawa gawa..... Upamane babagan pendidikan lan piwulangan sing kungker ya pejabat2 pendidikan daerah utawa pusat........

Kiye mau dina Kemis tanggal 1 November 2007...sedulur2 Punggawa2 pendidikan sekang Indonesia...ana sing sekang Depdiknas Pusat...sekang Propinsi Maluku, Sulaweai lan Sumatra Utara ya pada ulih kanugrahan kungker nang negara Landa....sempat mampir nang Sekolah Indonesia Nederland antar jam 2 awan nganti jam 4an......sawise sowan Dubes RI ing KBRI Den Haag. Rombongan ya ana wong 12 karo pemandune......sing tujuane ya minangka nggolet sisik melik lan nggawe dalan nggo mbukak program sister school utawa sekolah partner...sing siki lagi akeh dibutuhna nang Indonesia merga Undang Undang Pendidikan ngamanahna tiap kabupaten kudu mbukak sekolah bertaraf Internasional...sekang masing masing jenjang. Lha mula kuwe para pejabat gagehan takon takon lan kungker ben ulih wawasan lan pangerten sing mantep....ngko kena detularna maring sing mbutuhna.....
Lha ngesuk senen tanggal 5 arep kungker lan stuba maring American School ing Den Haag..ben lewih marem..soale nek kur ndeleng Sekolah Indonesia wlo nang luar negeri guru2 lan muride kan pada baen rupa lan werna kulite,,,ben variasi ngesuk ndeleng sekolahan sing akeh bulene he he he.......wis dhidsit lah yauw....
Mas Gunar Jarring aja ngguyu yah.....

No comments: