Thursday 1 November 2007

hikayat bocah tukang ngarit ( 1 )

WONG NDESA
TUKANG NGARIT ( 1 )

Astaghfirullah...moga moga tulisan kiye udu sarana nggo pamer, sombong ujub utawa sum'ah..ning kur nggo lantaran netese rasa syukur sing tan kena dietung marang Guati Sing Maha Kuwaos..sing molak maliking jaman, sing mobah mosekna bumi, srengenge, langit, alam lan jagat saisine.....
Jan...sekang ati sing jero lan bersih...nyong kur arep ndopok babagan urip sing jan lakone ora kena dinyana...kabeh rahasiane Gusti Allah.....ya mbok ana wong sing ngarani werna werna ya ora apa2. Nalika nyong cilik... kakang adiku dulurku pirang2...ana sewelas cacahe...wong tua ora duwe kodean tetep utawa teratur, kur petani biasa,,,, ora ana kasil tetep....mulane sarayat ya kudu brayan...senasib sepenanggungan ....ben pada bisa mangan...carane ben bisa survivelah...luru pangan, sandang lan sarana urip liyane sing serba kecingkrangan.....Ya apa baen delakoni sing penting halal....ya ngingu pitik...wedus....lan liyane....ning kabeh ya anu ora profesional kur nggo samben thok......mulane kasil ya ora sepiraha....ngingu2 ayam ya kur diedoli endog lan pitike dadi ora anu depangan dewe.....ya mangan daging kur ngger ana acara badan, suran, rajab, syaban sing biasane akeh wong pada slametan lan kendurenan utawa duwe gawe......

lah bocah bocah awit cilik ya delatih kon pada nyambut gawe.....ana sing ngarit, nggolet kayu garing utawa repek nggo masak nang dapur, umbah2, bruwun, momong adine, nyapu ( mesia umahe esih lantai lemah )...nek musim panen pari ya kon pada derep....mangkat subuh bali ngisa mlaku puluhan kilo paling2 ulih pari sejiret,,,enggane dekilo nek wis dadi beras ya kur sekilo rong kilo.....wis kesele pol...gegere pegel kabeh..sikile mrengkel....kulite geseng..raine apa maning...wis pokoke ora rupa bocah......

Mulane ngger dolan bareng kanca2..wis rupane ora deropea...sandangane ala boa...nggendong adine pirang-pirang...jan langka sing simpatik utawa empatik.....langka sing gelem takon....apamaning mandeng utawa ngelus kanthi welas asih.....malah sering tangga teparo wong wong pada njarag nglarani ati...yakue.....ngger pas kumpul2 kanca pada dolan sing deceluk..dealem2 dewehi panganan, dewehi duit lan dekon mlebu ngumah kue ya kae bocah2 sing mloes mloes...resik2 awake lan apik apik klambine merga wong tuane mandan ana bandane mbuh halal mbuh haram....ning ya alhamdulillah awit cilik nyong ora gampang down lan mutung...nelangsa tah iya ( sedih ya nagis mbatin )...Nyong ya gumun sebabe apa menungsa pada nduweni watek pilih kasih....sewiyah wiyah lan dlolim karo bocah cilik utawa anake wong ora duwe sing jan ora njarag nek delairna dadi anake wong sekeng.....kadangkala malah de enyek nganggo omongan mbarang..dekilani cara bahasa Ngindonesiane ya dipandang sebelah mata...diremehna dan dicap bocah sing ora kabegyan...lah......

Semene dhisit lah..ngesuk tek sambung maning...akeh banget sambungane mbok 3 kilometer kertas ya ora cukup/........

No comments: