Saturday 3 November 2007

Karya Satya.......Tukang Ngarit (2)

Ya kader anu arep pada ora urip terus ikih ...inyong arep nerusnna critane bocah tukang ngarit mau.....
Jaman sengiyen....nyong ya ora mudeng koh menungsa pada duwe lakon kaya jaman jahiliah..ora pada gelem tulung tinulung kanthi welas asih..nanging pada adigang adigung adiguna....sewiya wiya karo wong mlarat.....ujare sing mulya lan kinormatan kue kur awake deweke....angger ana wong kecingkrangan ora dimelasi malah dinyek dipilara....malah detambahi drengki srei nek bocah sing deanggep mlarat lan kere kue ketone ulih kanugrahan rahmat sekang GustiAlloh...misale bocahe tetep tabah,,,,tawakal....sabar...nrimaan.....sekolahe pinter...adabe apik....lakone bener......

Jaman semana sebab wong tuaku ora ana wragad ya ora ana sedulurku sing kon sekolah....kaya inyong sekolah ya sebab nekat sarto sebab kersane lan rahmate GustiAlloh kanti perjuangan sing maneka werna....upama bocah2 sedulur2ku kabeh gelem sekolah tur ya pinter..wong tuane inyong ya ora mudeng..ora tau nggatekna...ora tau urusan lha...wong panjenegane sakloran jaman cilik ya ora sekolah...ibarate urip saringan detinggal mati wongtuane..ya mbah2e inyong... awit cilik...dadi gede cilike yatim piatu dipupu diopeni karo dulur2 paman bibine... Jere critane ya melasi...jaman ora enak..langka wong tua...esih cilik ngalami urip nelangsa.....ning ya alhamdulillahe wong tuane inyong sakloron hikmahe dadi ngerti rasane didlolime lan dilarani ati..utawa depilih kasih lan desewiyah wiyah.....mulane dadi sensitif banget mulane ngajari anak2 e kon sing pada priyatin, ngalah luhur wekasane, ora kena pada licik utawa dlolim, kon sing jujur, kerja keras lan guyub rukun.... ora usah pada gumunan, ora iri, drengki lan melik marang duweke liyan.......

Jan jaman inyong cilik.....ya wis jaman modern....udu jaman kuna...sekolah ora tau sangu duwit lha wong nggo tuku uyah lombok rama beyunge be senen kemis,...Jaman sekolah esngempe ya ndaftar dewek...ora ana sing ngatar utawa ndampingi utawa marah2i utawa mbimbing2... sekolahe adoh 10 kilometeran...mlaku...mangkat esuk bar subuh kanti dikancani suarane manuk getilang...( ya ganu esih akeh manuk...lan umahku nang pinngir gunung ndesa adoh sekang kutha utawa gili gede ).....ora nganggo sepatu ( lha ora duwe...ya ana guru sing maune urung ngerti inyong ...gara2 ora nganggo sepatu nyong deomehi enthong bersih, dearani bocah nakal badhung trus detokna ora ulih melu pelajaran..)....Ndina ndina nek bali sekolah ya mlaku ..... udan, panas ,angin, bledug...ya nggo kanca mlaku...ngelak ngelih kencot ya delakoni...lha arep ora trima kepriwe...mbok kesuha ya ora ana bedane tetep kencot lan ngelak..... Ya kadang nelangsa thok ngger weruh lan delewati kanca2 sing pada numpak sepeda pada guyon2 karo penjorangan lan glewehan..ya Ngindonesia pada bercengkerama, bersendagurau bercanda ria....karo dulat dulit senggal senggol,,,,ningen langka sing nawani boncengan...ya merga eman2 boncengane mbok tugel ndean....ya kaeh sing pada duwe sepeda ya biasane anak2 wong sing ekonomine 'normal' utawa pejabat2 desa kayadene anake guru2 ngesde, lurah2 dll...mulane sebab nyong anake wong sudra anggepe...kanca2 pada rumangsa ora sepadan nganggep inyong..... Ya ora apa2 kiye crita siki ya kur nggo kawruh kanggo anak putuku mbesuk .... ( wis dhisit..ngesuk sambung maning...)

No comments: