Tuesday 30 October 2007

Halal bi Halal.....

Halal bi Halal utawi silaturahmi meniko salah sawijining tradisi bangsa Indonesia. Kegiatan meniko dipun wontenaken minongko ajang pepanggihan, salam salaman lan ngapuro ngapuranan sawise rampung puasa ing wulan Romadhon lan sawise sholat Idul fitri..

Sekolah Indonesia Nederland ( SIN ) inggih ngawontenaken acara meniko dinten wau Selasa tanggal 30 october 2007..ing Aula Sekolah. Acara meniko dipun rawuhi dening para siswa, orangtua/wali, tangga teparo sekolah, masyarakat Belanda lan pihak KBRI. Acara dipun wiwiti jam 12 siang..ngantos jam 14.30 kanthi dhaharan masakan khusus Indonesia ingkang dipun kontribusi dening para orangtua/ wali murid, guru2 lan siswa...... wonten ing kalodangan meniko inggih dipun selingi hiburan spontanitas saking para siswa SIN minongko ajang kreasi apresiasi lan expresi pengembangan diri siswa kados maos puisi, kur tembang2 rohani lan nasional.

No comments: