Tuesday 5 February 2008

SAAT-SAAT AIR MATA HANYA BISA MELELEH ( 1 of 9 )

Cerita cerita berikut ini hanya kilas balik beberapa kisah perjalanan hidup hamba Alloh yang sangat tidak berharga dan sangat tidak mulia ini, bukan untuk jumawa, bukan untuk sumáh, bukan untuk ghibah, bukan untuk riya, bukan untuk sombong, bukan untuk mencari popularitas, bukan untuk mencari simpati atau empati, bukan untuk minta dikasihani, bukan untuk meminta pembelaan dan pembenaran diri dan bukan untuk minta dipuji puji…tetapi sekedar untuk media syukur, mawas diri dan menggali hikmah untuk mendekatkan diri kapada Yang Maha Memberi dan Maha Menyayangi…

Direkadaya ben ora bisa…
Jaman si tukang ngarit nembe kelas 3 SD, jan umur sing jane esih mbutuhna banget bimbingan lan kasih sayang wong tua. Pas ana model raport anyar, kabeh murid2 kon pada ngumpulna foto nggo nglengkapi data pribadi nang halaman ngarep rapot. Lha kanca2ne si tukang ngarit ya pada gipyak ngrengek njaluk dikancani wong tuane utawa kakang mbakyune, paman bibine utawa dulur dulure kon enggal2 foto sing jaman semana anane nang ibukota kabupaten sing adohe ana 15 km sekang desa. Bot bote kepengin pada karo kanca kancane, ben rapote ana gambare, ben aja diomehi gurune ya uga kepengin weruh kayangapa foto kue, si tukang ngarit ya kepengin melu foto. Gandeng wong tuane si tukang ngarit anu wong buta huruf ora tau sekolah ora mudeng apa apa...ora peduli lan ora ngurusi bocah sekolah, ya si tukang ngarit kon lunga dewek...kue baen gole njaluk duit kanti nangis nangis lan diomehi lan digolet2na utangan disit. Ya sebab esih cilik urung tau lunga lunga adoh tur urung tau numpak angkot, ya rekane si tukang ngarit nembung njaluk tulung melu bareng karo kancane sing pada arep dianter nang wong tuane.
Wis janjian jere ulih melu mangkat bareng dina minggu, bareng wayahe arep mangkat,....eh....tekan nggone koh si tukang ngarit ditinggal, wong2 mau pada mangkat nggasiki ora gelem dipeloni, intine pada ngrekadaya ben si tukang ngarit aja bisa melu. Gole pada mangkat maring tukang foto maring kota koh pada nglimpe. Lha si tukang ngarit dilomboni jere pada ora sida mangkat...ning jebule dilimpe ben ora bisa duwe foto...ben diomehi gurune, ben wedi terus ben ora nerusna sekolahe... Si tukang ngarit ya sediiiih banget, mrebes mili, mingsek mingsek... nangis mbatin ( ningen ya langka wong sing peduli merga anake wong ora duwe, anake rakyat jelata sing rupa raga ora keropea lan busana ala kadarnya) Wis langka sing mbimbing, langka sing nggatekna, langka sing ngurus, langka sing nganter...lha koh gedene arep nunut melu ngetutna thok maring kota ben ora kesasar tur nganggo biaya dewek beh koh pada ora ulih...
Sadawane nangis mbatin, sedih, nelangsa ora karuan....alhamdulillah si tukang ngarit saking kersane GustiAllah ora terus kelara lara, ora mutung, ora dendam lan ora cilik ati utawa wedi, nanging malah kaya ana sing mbimbing, kaya ana sing nulung.. kaya ana sing nggered lan nyurung kon kendel... Mbuh kepriwe nalare si tukang ngarit kaya ana sing nuntun ( Astaghfirullah, subhanalloh, walhamdulillah, walaillahaillallohu wallohuakbar ) dadi ora wedi, gipyak enteng kayong ora krasa tur cepet banget tekan, mlaku dewek sekang desane menyang gili gede kecamatan sing jarake 4 kilometeran sedurunge ganti numpak angkot nglewati dalan aspal. Trus mbuh kepriwe koh kaya anu ora sadar si tukang ngarit ujug ujug wis numpak angkot lan bareng medun nang stanplat kota kabupaten ya kaya ana sing nuntun njujug maring toko studio foto, padahal urung tau menganah tur urung ngerti nggone. Lha bareng tekan tujuane...nang kono jegagik koh bisa ketemu karo kanca2ne sing agi pada didandani wong tuane sing pada nganter ben fotone anak2e apik. Si tukang ngarit rasane ya bungaaaaah banget, plong, lega cara ngingrise relieved....rasane dadi ayem, ora deg2an, ora wedi mbok kesasar ora bisa bali maning sebab rumangsa bisa ketemu kanca2 sing pancen dianter lan ditutna nang wong2 tuane.
Gandeng esih bocah cilik, si tukang ngarit ya ora jengkel utawa dendam walau nembe baen dilomboni utawa direkadaya ala. Bareng wis rampung gole pada foto2, ya mbuh iklhlas apa ora, mbuh sengit apa ora, mbuh kesuh apa ora, si tukang ngarit ya ora ngerti, baline ya tetep melu nginthil, nunut melu ngetut mburi kepengin bali bareng karo kanca2ne. Sedawane numpak angkot bali, ketone sih pada klintat klintut kaya kisinan lan mungkin ya pada gumun karo kenekadan lan kekendelane si tukang ngarit... Medun sekang angkot nang kecamatan, kanca2ne tukang ngarit ya pada ditumpakna dokar nang wong tuane tekan ndesane....ningen si tukang ngarit ya ora dikon melu. Si tukang ngarit ya ora apa apa , ora iri, ora nelangsa, tetep mlaku maning gipyak dewekan bali maring desane kanti bungah lan mantep baen sebab dalan bali nang desane wis apal lan ora wedi kesasar utawa ora wedi deculik sing jaman semana medeni critane....

Den Haag, 04 February 2008

2 comments:

srikandi50 said...

Sing sopo temen mesti bakal tinemu, mugi-mugi prabu jika jadi penjabat ( Menteri pendidikan?) saget nulung tiang ingkang mboten mampu. inkang mboten gadah prasarana maupun sarono

Unknown said...

Belum jadi pejabat pun Prabu sdh banyak mengulurkan tangan bagi siapapun yang membutuhkan