Sunday 20 January 2008

PEPELING URIP ING JAMAN TUA

PEPELING URIP ING JAMAN TUA
Urip nang jaman wis tua, jaman wis adoh sekang Pangerane, cedhak setane, rekasa dalan nggo surgane ningen gampang dalan maring nerakene;

Akeh wong sing detingkat umahe, ningen asor budine, degedeni bangunane ningen tambah cilik pakartine, diduwuri bature ningen tambah endep lakone, depager latare ningen tambah ndadrah srakahe, dimewahi isen isenane ningen dadi reged kolbune, deambani kamare, ningen pada ciut atine, diapiki dalane ningen tambah ala mlakune, diambani giline ningen tambah cupet nalare lan langka sabare…

Akeh wong ngaku pada ora duwe wektu ningen akeh jagongane, ngglenes dopokane, akeh penjorangane, mblaketaket ngrasani wonge. Akeh wong sing jere ora duwe duwit ningen akeh blanjane, digedeni gajine ningen tambah akeh korupsine, diakehi penghasilane ningen tambah gede gengsine, dipepeki abrag abrage ningen tambah akeh kurange, dimewahi perabotane ningen tambah ndadi pamere, diakehi rejekine ningen tambah duwur sombonge, tambah akeh ngeyeke, tambah gumede omongane lan mumpruk umuke...

Akeh wong pada sambat ora kuat mbayar bocah sekolahe, ningen pada akeh tuku sawahe, tambah amba tuku lemahe, tambah mewah mbangun umahe, tambah anyar motore, tambah modern kulkas TVne lan tambah canggih HPne...

Akeh wong sing kurang gizi anake ningen wong tuwane gemebyar panganggone, akeh wong sing anake cileren lara laranen merga kurang diropea kesehatane, nanging wong tuane pathing krelab emas berliane, ramane klepas klepus ngrokoke lan teplak teplok kertu remi, domino lan cekine, glegak glegek omben-ombenane…

Akeh wong sing pada duwur pendidikane, akeh gelare, tambah ilmune ningen sengsaya suda ati nuranine, ilang akal sehate, gigis kawicaksanaane, akeh wong ngaku pinter ningen sethitik sing bener patrape, keblinger pangupo jiwane, akeh obat lan tamba ningen sengsaya akeh wong lara lan akeh penyakite….

Akeh wong sing gampang nesune, cepet kesele, angel turune , sethitik maca bukune, males ngangsu kawruhe, akeh nonton tivine ningen langka ngibadah lan sembayange, angel dzikir lan tasbehe ningen sregep mencet mencet tombol hapene, akeh SMSe lan asik isine….
Akeh wong pada mangas ngumpulna banda dunyane, ningen ora peduli keluhuran budine, akeh wong pada gede omonge, akeh mrupuse ningen langka welas asihe, akeh drengkine, akeh ujube, tambah riyane, tambah srakah lan dlolime...

Akeh wong sing gede ambisine, ngotot mburu kariere ningen budeg picek mata atine, wedi karo sing kuwoso ningen ora wedi Karo Sing Moho Kuwoso, nyunggi karo atasane ningen ngidek karo bawahane, loma karo nduwurane ningen nglikip karo ngisorane, nggandeng karo balane ningen nyikut kanca kancane, akeh wong sing tambah umure ning ora tambah mateng pemikire, ora tambah meneb emosine ora tambah manteb spirituale...

Akeh wong sing wis adoh klayabane asring lunga lungane, ningen abot ngambah sanak sedulure, angel mlangkah sikile nggo srawung tanggane, akeh wong sing pinter nyacad lan mbiji liyane ningen emoh ndeleng gitoke lan metane jeroane dewek, akeh wong sing duwur angen angene lan mambrah mambrah karepe ningen sethitik sing mulya tujuane lan akeh mudlarate, akeh wong sing rajin resik resik papan lan ragane ningen ora mandeg gole ngotori jiwo lan sukmane…

Akeh wong sing wasis nulis lan nggagase ningen sethitik sing gelem njikot hikmahe, akeh wong sing pada kemrungsung kepengin nang ngarep sakabehe ningen ora sabar nunggu antriane, akeh sing wis podo pinter computer, akeh nyimpen datane, prigel ngolah informasine, akeh kopiane ningen sengsaya kurang komunikasine…

Akeh wong sing enak enak panganane, cepet masake ningen alon pencernaane, akeh wong sing dadi penggede ningen cilik karaktere asor pribadine , akeh wong sing munggah kasile lan untunge ningen medun pesedulurane, akeh wong sing dobel gardane, lanang wadon pada nyambut gawene tambah gede income ningen tambah akeh ngresulane, tambah gede mangas srakahe, tambah gede bakhil pelite, tambah nglikip pretungane, tambah eman sodaqohe, tambah akeh hasud crahe, akeh sing tambah apik umahe ningen ajur umah umahe...

Jaman sing wis tua, kabeh sarwa cepet lan gampang, bebasan moral baen ora eman debuang, wengi akeh sing pada dugeman, awak deumbar lemu lemuan, narkoba pada nggo klangenan, banda nggo pameran ningen jiwa pada suwung ahlak blong blongan, jaman teknologi global informasi cepet semebar, gampang buyar lan cepet dibakar...

Ningen ,menungso kudu eling lamun urip ana titiwancine mati, wenehna wektu kanggo anak bojo, wong tuwo, sanak kadang sedulur, brayan karo tonggo teparo lan sepodo podo, sebab kabeh bakal ora sateruse bisa disrawungi nek ajal wis nekani, ojo daksio sewiyo wiyo karo sepodo podo sebab molak maliking jaman, obah moseke takdir, mulyo nistane manungso gumantung Sing moho Kuwoso...

Srawungono kabeh menungso kanthi welas asih tumusing ati kang bersih, mesemo kanthi tulus lair bathin, salamanono kanthi grapyak lan rangkulano kanthi semanak, iki mau perkoro sing sejatine dadi sugihe kamanungsan kito lan ora perlu ngetokna bioyo, tur kena nggo nambani ati lan raga sing lagi nandang lara...

Elingono manungso sedulur kabeh, yen kito kabeh mesti bakal dadi bathang yen sukmo wis kapundut Sing Moho Kuwoso, banda dunya sing mambrah mambrah, motor mobil umah mewah, pangkat drajat jabatan sing wah bakale ditinggal. Wenehna wektu rikala esih diparingi urip kanggo tresna asih lan brayan karo sepada pada, wenehna wektu kanggo nandur becik lan amal sholeh kanggo sangu urip mulyo sejati ing alam kelanggengan, wenehna wektu kanggo amar ma’ruh nahi munkar, wenehna wektu kanggo fastabiqul khoirot.
Dadio mengso sing manfangat, ojo dadi menungso laknat, subhat, mubah utowo mudlarat, dadio menungso sing ora kur tumindak, mikirna, lan mentingna untunge dewek, enake dewek lan menange dewek. Elingono uripmu ora diukur sekang akehe hawa sing dienggo ambekanmu, nanging ditaker sekang akehe pakarti mulyamu naliko ambekan nganggo hawa mau…

Den Haag, 10 Asyura 1429 Hijriyah/ 19 Januari 2008
Hamba Alloh

No comments: