Tuesday 30 October 2007

Sejatining Urip

Sejatine urip ing alam dunyo iki kadyo wong mampir ngombe. Nanging umume manungso kapincut gebyare panggonan ampiran mau..yaiku dunya saisine sing ora langgeng utowo bakal sirna....iki pancen disengkuyung dening pakartine syetan supoyo menungso lali marang tujuan urip sejati yaiku urip mulya slamet sejahtera ing surgo....mulo ano telung golonganing manungso sing mbesuk arep ngunduh wohing pakarti nalika mampir ngombe yaiku.....manungso mudlarat....manungso mubah.....lan manungso manfangat.... manungso mudlarat iku manungso sing tansah nglakoni pakarti olo, budi candolo, daksio sewiyo wiyo marang sepodo podo.....manungso mubah yaiku manungso sing koyo dene watu meneng nglegeg ora ono gunane opo opo..ono tumindak olo yo ora urusan..ono barang lan tumindak becik yo ora dibelo....sing dipikirke yo mung urusane dewe..untunge dewe..enake dewe...menange dewe....sing penting awake dewe aman ora resiko.......... menungso manfaat yoiku manungso sing tansah ninda'ake amar ma'ruf nahi munkar lan fastabiqul khoirot..ngudi marang kesaenan kanthi ikhlas ati bersih namung krono gusti ingkang Moho Kuwaos ingkang dipun udi ridlonipun......

No comments: